Jumat, 07 Mei 2010

Sangkan Paraning Dumadi

SANGKAN PARANING DUMADI
Wus prapteng 38 tahun …….
Anggonku napak dalaning ngaurip iki
Tan kena kinira anggennya Gusti paring samubarang kalir………
Slamet, sehat , waras dalah uba rampening ngagesang……
Anak – bojo, pakaryan, dalah raja brana sarananing bebrayan
Duh Gusti ingkang Maha Agung,
namung panuwun tanpa pepindan ingkang saged kawula aturaken
Minangka jejering titah
Siyang ratri anggon kita manembah mamuji Gusti kang akarya jagad
Nuhoni kuwajibaning kawula
Tan kendat pados sisik melik……..
Punapa kang dadya sejatining laku lan lelampah
Ing pangajab ………sageda amangerteni Sangkan paraning dumadi, mula mulih mulanira Kanthi lumaku kang bener, pener lan trep
Pinuju laku utama dalaning pepadang……….
Ature para sepuh lan pepunden……
Wong urip ing ndonya iku prasasat amung mampir ngombe………
Saklebating tathit paribasane
Dadiya lakunireki Lumaku kang adhedasar paugeran
Tansah nggegulang kalbu,Sembah raga, sembah rasa, sembah cipta
Olah raga lan olah jiwa Kanthi ikhlasing batin
Kanggo sangu mengko
Yen wus tumekaning pepesthen
Tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kayun
Marak marang alam kalanggengan
Ndungkap warsa kaping 40
Wus wancine anggennya mesu diri
Mulat sarira hangrasa wani
Hangrakit hesti lan hambangun karsa
Minangka marga utama
Pinuju mamayu hayuning bebrayan,
Mawa tumindak kang migunani tumraping liyan
Aywa lali mring pitutur para pepunden
Piwulang luhur para guru lan sudarmanira :

Poma poma wekas mami
Anak putu aja lene
Aja ketungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes ndonya
Siyang ndalu dipun emut
Wong Urip manggih antaka……………..

Ngayogyakarta Hadiningrat, 8 Mei 2010

Tidak ada komentar: