Selasa, 30 November 2010

GEGURITANKU TUMRAP DINA PALIKRAMA


Mugi Gusti Allah tansah paring pituduh,


Marang lakuning kita sakloron,

Anggone napak dalaning bebrayan,

Anggula wentah, nggegulang kawruh tumraping putra lan putri kita.





Tan krasa lumakuning wektu,

Wus ndungkap 14 tahun lawase,

Anggen kita ngucap janji lan ikrar nyawiji,

Dadya bebukaning bale wisma,



Bungah lan susah minangka kembanganing palikrama,

Andadekake kuat lan teteging tekad,

Kanggo amemangun jejodohan iki,

Nganti tekan pepesthening Gusti ,





Puja lan puji,

Konjuk ngarsane kang murbeng dumadi,

Lumantar sih kanugrahan tanpa pepindan,

Kita sakaluwarga datan kurang ing samubarang,



Duh nini……………..,

Wus setya tuhu anggonira dadi sigaraning nyawa,

Amung Pangeran kang bakal angganti,

Kanthi kanugrahan sejatining swarga,



Lamat-lamat keprungu,

Gendhing Kebo giro lan Tembang asmarandana,

Minangka prasasti pawiwahan agung,

Anggon kita dadya ratu sedina,



“Gegarane wong akrami,

Dudu banda dudu rupa,

Amung ati pawitane,

Luput pisan kena pisan,

Yen gampang luwih gampang,

Yen angel angel kalangkung,

Tan kena tinumbas arta”





Yogyakarta, 23 Nopember 2010

Tidak ada komentar: